LIRIK SYA'IR POLISI PRAPATAN (SUCEN)

SYA'IR POLISI PRAPATAN (SUCEN)
     
                       (karya: Syaifudin Lutfi (Mbah Ipud)


Yaa Rasulalloh salamun alaik

Yaa rofi'asyyaani waddaroji

Athfatay ya jiirotal alami
Yaa uhailal juudi wal karomi x2

Aku pulisi seng paling ikhlas 

Tanpo bayaran nglakoni tugas 
Ora perduli udan lan panas
Alhamdulillah awakku waras x2

Jenengku syahid jogo prapatan

Sragamku elek awut awutan
Aku rak butuh pangkat jabatan
Aku wes nrimo duwe sempritan x2

Yaa allah gusti kang moho welas

Aku dikiro wong ora waras
Rak opo opo aku wes ikhlas
Seng waras ngalah, seng ngalah waras x2

Wahai pemimpin wahai pejabat

Awakku iki dadi nasihat
Atiku seneng rak tau sambat
Senajan mlarat uripku ni'mat x2

Aku rak seneng rebutan kursi

Aku ora duwe bakat korupsi
Aku wis nerimo dadi pulisi
Senajan kantong ku tanpo isi x2

Aku wes nerimo titahe gusti

Aku rak kudu nyalon bupati
Seng tak karepke ing jero ati
Dzurriyyah rasul dadi bupati x2

Hasil gambar untuk polisi sucen

Subscribe to receive free email updates: